Selasa, 18 Mei 2010

pidato jawa : pranoto coro

Assalamualaikum wr.wb

Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan, bapak ibu guru dalasan karyawan ingkang kinurmatan, kanca-kanca ingkang sutrisno, sagung para tamu ingkang minulya.
Sumangga kula panjenengan sadaya ngunjukaken syukur wonten ngarsanipun Allah ingkang sampun kepareng paring rahmat lan hidayah dhumateng kula panjenengan sadaya matemah saged makempal ing papan menika wonten acara Pengetan Dinten Kamardikan Republik Indonesia kaping ….. kanthi kebag ing suka basuki.
Keparengaken kula (nama) minangka panatacara maosaken rantamaning acara ingkang badhe kalampah samangkeh.
Acara 1. Pambuka
2. Laporan Ketua Panitia
3. Sambutan Kepala Sekolah
4. Potong tumpeng
5. Hiburan
6. Panutup
Sumangga lumebet wonten acara kaping setunggal inggih menika pambuka. Miterat agami lan kawigatosan kula panjenengan piyambak-piyambak, donga kasumanggaaken. ……. Cekap.
Acara salajengipun inggih menika laporan ketua panitia Pengetan Dinten Kamardikan Republik Indonesia kaping ….
Dhumateng (tiyang ingkang badhe laporan) kasumanggaaken.
…………………………………………….

Acara candhakipun nun inggih sambutan kepala sekolah, Dhumateng bapak (tiyang ingkang badhe paring sambutan) kula aturaken.
…………………………………………….

Bapak ibu ingkang kinurmatan, sumangga lumebet wonten acara potong tumpeng. Dhumateng bapak kepala sekolah mugi kepareng motong tupeng. Saderengipun dhumateng bapak (nama tiyang) mugi kepareng nylirani mimpin pandonga.
…………………………………………….

Acara salajengipun inggih menika hiburan. Hiburan menika (jenis hiburan) saking murid kelas ….. ingkang badhe panglipur manah kula panjenengan sedaya.
…………………………………………….

Bapak ibu ingkang kinurmatan acara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Sumangga acara menika dipun tutup kanthi pandonga. Miterat agami lan kawigatosan kula panjenengan piyambak-piyambak, donga kawiwitan…………. Donga cekap.
Kula minangka panatacara, nyuwun pangapunten bilih wonten kekirangan saha kalepatan. Dirgahayu Indonesia….

Wassalamualaikujm wr.wb.

Tidak ada komentar: